Tuesday 20 October 2009

Geguritan

Wengi sansaya atisnalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan kang digawa dening angin prasasat tan kendhatanggonku kulak warta adol prunguananging isih mamring aku wis pingin cecaketan obormu kang makantar-kantar madhangi jangkah lan jagatku ana ngendi papanmu lelana tapa brata tanpa pawarta tanpa swara aku kadya ron garing kumleyang kabur kanginaning

Atimu kang wingit mara selehna ing dhadhaku, atimu kang wengis mara tumpangna ing tanganku.Priya kang tansah ngulandara mara nyedhaka,ing tanganku tumetes anyesingbanyu sih sutresna.Angin bengi angining pangayoman,mara nyedhaka ing samubarang tumandukmu.
Priya kang tansah ngulandara,ing kene ana halte pungkasan.

Anjrah ingkang puspito arum Katiyuping samirono mrik

"Sekar gadung
kongas gandanyo
Maweh Raras
Renaning ndriyo"


Wis, Jeng...
Aku sumeleh
nyelehake pangarep-arepku
marang katresnan lan kawigatenmu sing semu
yen nyatane amung semene
cunthele lelakonku...

Pepenginku tansah sumandhing
lan nresnani sliramu
kudu dakprunggel
sing luwih wigati, Jeng
donga lan pengestumu wae
tansah mili kanggo aku

Wis, Jeng
aku pamit
becik njembarake pikir
nggayuh kabegjan
mring ati lan katresnan satuhu
tan ora binagi ing liyan
sempurna ing guritan siji...

No comments: