Tuesday 20 October 2009

Ngayawara

iki dina aku kaya-kaya
kentekan cara
kanggo angela-ela

cakepan Puspawarna wis takwaca
sedina nganti ambal kaping sanga
mangkonoa
meksa isih ana sing kalirwa

kamangka
saben nalarku nyoba kupiya
njumputi tembung njangkepi ukara
tinemune mung kurang marem kladuk cuwa

senajan ta
ing batin rumangsa
wis ora kurang anggonku mbudidaya

malah kepara
satemene ana
saperangan ukara sing mung ngayawara

No comments: