Wednesday 21 October 2009

Geguritan Lamis Adigang Adigung Adiguna.....

Lamis

Sumpah lan janji
Mung lamis
Mula ora wedi
Dadi balane iblis

Saya lali sumpah
Saya lali janji
Bakal dadi susah
Nganti kepati-pati

Sapa lali sumpah
Sapa lali janji
Cilaka sawayah-wayah
Ing endi-endi



Adigang

Atosing kulitmu wis katosen
gedhene sirahmu wis kegedhen
mula kawula mung giris
sesambat nongas-nangis

pancen ora ana maneh kawula
sing wani nyawang mripatmu
amarga ilatmu cengkeh lima
wetengmu uga saya bucu

nek pancen durung marem
kabeh age-age garuk
kowe pancen kemaruk
uga saya kejem



Adigung

Tandha-tandha pangkat
wis ngebaki pundhakmu
mula banjur lali keblat
mangan turu mangan turu

kabeh kawula sungkem mbisu
senajan kowe ngguya-ngguyu
nanging geneya kok ora wani
mangan sate lan ngombe legi

sadhuwur-dhuwure puncak gunung
isih dhuwur suket ing dhuwure
kaya ngonoa ora ana sing adigung
amarga urip mung jare mampir ngombe

nalika wis tumekaning pati
kabeh tandha pangkat bakal keri


Adiguna

Awakmu sing saya gendhut
sirahmu sing saya bothak
ora bakal bisa ngemu entut
sing wis tumekaning selak

Mula umbaren sesumbar
ora bakal bisa ngilangi dawane umur
apa maneh ngilangi donya sing jembar
apa maneh ngilangi langit sing dhuwur

No comments: